Bathari Durga iku
mula bukane duwe jeneng Dewi Pramuni kang sulistya ing rupa. Dewi Pramuni
mendhem rasa tresna marang panguwasa tribuwana, yaiku Bathara Guru.
Kanggo nggayuh
ketemune rasa tresnane marang Bathara Guru, sawijining dina Dewi Pramuni tapa
brata. Sawise nemoni maneka rupa pacoban lan godhan, wusanane katekan Bathara
Guru, Dewi Umayi lan Bathara Kala.
Ing wawanrembug
antarane Bathara Guru lan Dewi Pramuni, adhedhasar andharan ing Kitab
Purwacarita, kaya kang kapethik ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai
Pustaka, Bathara Guru gelem nyembadani pepenginane Dewi Pramuni kang pengin
dadi prameswarine.
Ananging ora kabul
sakabehe, amarga mung tata lair wae sing bisa dadi prameswarine Bathara Guru.
Dene jiwane ora bisa dadi prameswarine panguwasa tribuwana iku.
Amarga kasektene
Bathara Guru, Dewi Umayi lan Dewi Pramuni banjur ijolan raga. Jiwane Dewi Umayi
manjing ing ragane Dewi Pramuni, lan suwalike jiwane Dewi Pramuni manjing ing
ragane Dewi Umayi kang arupa raseksi.
Adhedhasar andharan
ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Dewi Pramuni (jiwane
Dewi Pramuni kang manjing ing ragane raseksi Dewi Umayi sabanjure antuk jejuluk
Bathari Durga kang tegese kuciwa, ala, ora nyenengake. Lan sabanjure Dewi Durga
dipacangake kalawan Bathara Kala.
Lan wiwit wektu
iku, Bathari Durga disembah dening para kang ngrasuk agama Durga. Bathari Durga
katetepake dumunung ing kayangan Krendayana. Kayangan iku sabanjure kondhang
sinebut pasetran Gandamayit/Ganda Umayi.
Bathari Durga antuk
jejibahan nguwasani para gandarwa, setan lan titah datan kasat mata liyane kang
asipat durangkara. Ing jagad pewayangan, wandane Bathari Durga iku arupa
Rangkung.
Dene Dewi Umayi
(jiwane Dewi Umayi kang manjing ing ragane Dewi Pramuni) iku watake sabar, rasa
pangrasane alus sarta landhep, adil, wani mbelani bebener, tanggung jawab,
bekti mring sisihane lan gemati marang anak turune.
Ing lakon carangan
Sudamala, Bathari Durga antuk ruwat lan bisa luwar saka wujud raseksine dening
Sahadewa. Bathari Durga sabanjure palakrama kalawan Bathara Kala lan peputra
Dewasrani.
Ing jagad
pedhalangan, Dewasrani iku putrane Bathari Durga lan Bathara Guru. Bathari
Durga duwe hak paring bebana marang sapa wae kang nyembah dheweke.
Ing lakon Sumbadra
Larung, Bathari Durga paring pangestu marang pepenginane Burisrawa kanggo
nresnani Dewi Sumbadra. Ing lakon Pancawala Lena, Bathari Durga mbiyantu
Leksmana Mandrakumara, pangeran pati ing Astina, lan paring pangestu marang
pepenginane Leksmana kang arep nglamar Dewi Pergiwati, putrane putri Arjuna.
Dene ing lakon
Wahyu Cakraningrat, Bathari Durga paring bebana marang Samba, putrane Sri
Kresna, lan paring pangestu mring gegayuhane kanggo ngrebut Wahyu Cakraningrat.
Sapa kang kasil ngrengkuh Wahyu Cakraningrat pinitaya bakal dadi raja gung binathara.
Ananging ing telung
kedadeyan iku, kabeh ora ana kang bisa kasembadan pepenginane. Kabeh gegayuhane
para satriya ing telu kedadeyan iku padha cabar. Iku amarga pepesthen tumrap
sipat jiwane kang adoh saka sing dipengini. Bathari Durga dadi sesembahane para
kang nganut agama Durga kang duwe aturan lan paugeran dhewe. Miturut Pustaka
Raja Purwa kaya kang kapethik ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai
Pustaka, cacahe agama kang nyembah dewa karana Bathari Durga dadi ana wolu.
Kawolune yaiku
agama Syiwa (nyembah Sanghyang Syiwa/Bathara Guru), agama Sambo (nyembah
Sanghyang Sambo), agama Brahma (nyembah Sanghyang Brahma), agama Indra (nyembah
Sanghyang Indra).
Sabanjure, agama
Bayu (nyembah Sanghyang Bayu), agama Wisnu (nyembah Sanghyang Wisnu), agama
Kala (nyembah Sanghyang Kala) lan agama Durga (nyembah Sanghyang Bathari Durga)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar