Minggu, 13 Oktober 2013

SEJARAH Jaya Anila, wanara cebol kang waskitha




Jaya Anila yakuwi wanara cebol, wulune biru, sing dadi patih ing nagara Gowa Kiskendha.
Jaya Anila nggabung karo Narpati Sugriwa minangka netepi prentahe Bathara Guru.
Laire Jaya Anila kawiwitan nalika Anoman ngadhep Bathara Guru ing kahyangan, njaluk supaya diakoni putra dening Bathara Guru. Kahanan kuwi dadi guyu para bathara ing kahyangan, dadi sindhiran marang Hyang Manikmaya.
Rumangsa dheweke disindhir terus amarga duwe putra wanara, Bathara Guru banjur methik godhong waru lan disabda dadi wanara cebol sing warnane biru nila. Wanara kuwi banjur ngadhep Bathara Narada njaluk supaya diaku putra. Wusanane Bathara Narada gelem ngakoni lan menehi jeneng Jaya Anila. Para bathara liya uga dikudokake nyipta wanara kanggo kanca Anoman lan Jaya Anila. Bathara Brahma nyipta wanara abang rambut geni sing dijenengi Kapi Anggeni. Bathara Indra nyipta Kapi Sempati, Bathara Yama nyipta Kapi Anala lan sateruse.
Jaya Anila diprentah Hyang Guru supaya ngawula marang Narpati Sugriwa. Dheweke uga diangkat dadi patih nagara Guwa Kiskendha lan duweni hak ngatur barisan wanara. Prajurite Jaya Anila cacahe ewon. Wanara-wanara sing kagolong sekti antarane Kapi Saraba, wanara sirah baya sing pinter slulup. Kapi Cocakrawun, pinter mabur kanggo neliki wadyabala Alengka. Kapi Satabali, wanara sirah pitik, kapi Bekingking, wanara awujud yuyu sing pinter slulup, lan liya-liyane.
Nalika para wanara gotong royong mbangun tambak segaran sing nyambung Maliyawan karo Alengka, jejibahane Jaya Anila yakuwi ngawasi prakaryane para wanara kuwi mau. Nanging ayahan kuwi mesti ora bisa sampurna, kalamangsa ambrol nalika nyedhaki dadi. Nalika digoleki jalarane, jebule ana raseksa balane Prabu Dasamuka sing nyaru dadi wanara lan jejibahane ngrusak pagaweyan tambak kuwi mau. Jenenge Janggisrana. Sanajan bisa dicekel, nanging ora diapa-apakake dening Sri Rama. Malah, Janggisrana disandhangi lan ditundhung bali menyang Alengka.
Sawijining dina nalika Sri Rama lan Gunawan Wibisana nggagas ameh nyerang Alengka gedhen-gedhenan, Wibisana lapuran manawa Prabu Dasamuka duweni pusaka sekti sing arupa pedhang Mentawa. Anila nandhesake manawa dheweke wani nyolong pusakane Dasamuka mau.
Critane, Jaya Anila bisa nyolong pedhang Mentawa ing Alengka, nanging konangan Patih Prahasta lan dioyak nganti tekan alas Dandaka. Ing tengah alas kuwi, Jaya Anila lan Patih Prahasta banjur perang tandhing. Ora suwe, Jaya Anila njabut tugu watu banjur dikeprukake ing sirahe Prahasta nganti nemoni pati. Dene tugu watu kuwi mau banjur malih rupa dadi Dewi Wuryan utawa Dewi Indradi (ibune Sugriwa).





Tidak ada komentar:

Posting Komentar