Jenenge wektu lair yakuwi Rahwana, nanging amarga
duweni rai cacah sepuluh, dheweke uga sinebut Dasamuka.
Rahwana utawa Dasamuka iki nduweni ibu jenenge
Dewi Sukesi, putri Prabu Sumali raja Alengka. Bapake Resi Wisrawa, brahmana ing
padhepokan Dederpenyu. Manawa digeret garis turunan saka ibune, Dasamuka isih
kepetung keturunan Bathara Brahma.
Prabu Dasamuka duwe garwa Bathari Tari, putri
Sanghyang Indra. Saka jejodhoan iki sajane nurunake putri titisan Dewi Widowati,
nanging amarga arep dirabi dhewe dening Dasamuka, bayi sing lair saka Dewi Tari
iki banjur dijupuk Gunawan Wibisana lan dilarung sajroning kupat sinta.
Ari-arine disabda dadi bayi lanang lan diwenehi kekuwatan saka mendhung utawa
mega. Mula iku, putra Dasamuka iki dijenengake Megananda utawa Indrajit.
Garwa selire Dasamuka akeh banget, antarane Dewi
Sayempraba, putri Prabu Wisakarma saka nagari Guwa Windu. Dewi Urangayung,
putri Sanghyang Baruna lan nurunake Arya Bukbis. Dewi Pratalawati putri Sanghyang
Manikem, nurunake Raden Pratalamaryam. Garwa selir liyane antarane nurunake
putra Trinetra, Trisirah, Trimurda, Trikaya lan liya-liyane.
Dasamuka duwe sedulur yakuwi Raden Kumbakarna,
Dewi Sarpakenaka lan Gunawan Wibisana. Dene sedulur tunggal bapak beda ibu
yakuwi Prabu Wisrawana lan Prabu Danapati, loro-lorone dadi ratu ing nagara
Lokapala.
Nalika Prabu Sumali seda, Rahwana jumeneng nata
ing Alengka, sesandhingan karo patih Prahasta sing kepetung isih paklike dhewe.
Watake Prabu Dasamuka kaya ora ana apike babar pisan. Sesongaran lan seneng
daksiya, seneng mateni uwong kanthi cara sing kejem. Dasamuka duwe aji-aji
Pancasonya saka Resi Subali. Kasektene aji Pancasonya iki ndadekake Dasamuka
ora bisa mati sasuwene awake isih kena lemah.
Saperangan korban sing dipateni Prabu Dasamuka
antarane Prabu Danapati raja Lokapala sing isih sedulur dhewe, Bambang Sumantri
utawa patih Suwanda saka nagara Maespati. Prabu Banaputra raja Ayodya lan Resi
Rawatmaja amarga prakara wanita, yakuwi rebutan Dewi Raguwati. Dene pusaka sing
kanggo mateni para korbane, awujud pedang sing jenenge Mentawa.
Prabu Dasamuka sing kepengin duwe garwa jilmane
Dewi Sri Widowati banjur nglamar putri nagara Ayodya sing jenenge Dewi
Sukasalya utawa Dewi Raguwati, putri Prabu Banaputra. Dewi Sukasalya dijaluk
peksa sahengga njalari perang antarane rong nagara kuwi mau. Prabu Banaputra
wusanane gugur disabet pedang Mentawa. Resi Rawatmeja sing ngukuhi Dewi
Sukasalya uga nemoni pati ing tangane Dasamuka. Dene Dewi Sukasalya njaluk
tulung marang Resi Dasarata, lan ing tembe mburi wong loro kuwi bisa jejodhoan
lan nurunake Sri Rama.
Ing Serat Ramayana dicritakake manawa Dasamuka
kasil anggone nyolong Dewi Shinta, garwane Sri Rama. Wusanane banjur njalari
perang gedhen. Ing perang kuwi, Dasamuka bisa dipateni dening Sri Rama.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar